Kaca:Sumunar.pdf/20

Kaca iki wis dikorèksi

keterusan bocah-bocah lan keluwarga bakal kapiran. Nanging kaya sing uwis-uwis, malah banjur panas lan rame, Mula aku mung trima meneng.

"Thet...thet...thet..."

Bal ing sekolahanku wis muni, Mratandhani yen jam pelajaran arep diwiwiti. Aku banjur njujug laboratorium komputer. Aku mbatin Pak Bambang mesthi lagi stand by siap-siap chatting. Pancen, dina iki aku lan Pak Bambang lagi ora ana jam mulang, Mung eniuk tugas piket. Nanging aku lan Pak Bambang malah ndhepis ing ngarep komputer. Sawise ngerti komputer lan bisa chatting mrana-mrene, Pak Bambang kaya wong nyidham. Saben-saben ana weklu kang lodhang mesthi chatting golek kenalan wanita-wanita kang gelem disapa lan diajak kenalan ing dunia maya kang katone asyik kanggone dheweke.

Eman tenan, teknolopi madheren kang kudune bisa kanggo nyengkuyung tugas-tugase minangka guru, kepara malah dislewengake dening Pak Bambang, Wis telung minggu iki dheweke tetepungan karo wanita kang aran Yuning liwat chatting. Pisan pindho kekarone mung padha "Say Hello" wae menawa ketemu ing dunia maya mau. Nanging suwe-suwe kekarone tambah akrab lan maya kaya wong padha sir-siran. Wah, kancaku siji iki pancen edan tenan. Wis duwe bojo ayu kok ya isih kura ta, ya? Wis makaping-kaping aku ngandhani bab tingkah polahe Pak Bambang kang bisa mbebayani tumrap keluwargane, nanging dheweke ora tau nanggapi serius omongaku. Malah kaya-kaya semu ngece.

Mumet tenan aku saiki. Ing gaweyan ketemu Pak Bambang sing lagi “kasmaran” maneh karo Yuning kenalan chatting-e. Ana ing omah ngerteni Maryani sisihanku sing uga saben-saben bali telat amarga kerep mampir ngetik laporan tugas kantor ing rental.

Aku sengaja marani Pak Bambang ing laboratorium komputer kepingin ngenteni apa dheweke isih neruske anggone chatting karo Yuning, Jebul tekan kono dheweke wis ngawe-awe ngajak aku supaya njejeri lungguhe karo maca ukara kang tunulis ing laya monitor, Ing kono genah aku bisa maca menewa dheweke karo yuning arep nganakake patemon utawa "kopi dharat", istilahe ana ing chatting

“Pak Bambang, njenengan aja dolanan geni Iho, Pak. Kok wani-wanine kangsen karo piyayi putri, Eling yen Panjenengan iki wis kagungan keluwarga,” aku nyeba ngadharake Bak Bambang kang sajak, puber kaping pindho.

“Aku iki mung kepingin ngerti lan weruh wae, Pak. Ora bakal neka-neka, kok,” panyaute Pak Bambang nyengenges.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 11