Kaca:Sumunar.pdf/24

Kaca iki durung katitiwaca

“Wong wis ana TV kok ndadak tuku maneh fa, Bu? TV cilik menthik ngenerak ya cekli, ta? Ora ngebaki papan. Yen kegedhen, mripate malah lara?”

“Ya yen dlik ngene iki sing marakke mata lara. Mangka tangga- tanggane dhewe paling, ora TVene 21 inchi. Kok awake dhewe mung trima duwe TV 14 inchi. Mengko yen padha mara tamu mrene rak ya ngisin-isini ta, Pak?”

“Walah, sing arep ngisin-isin ki ya sapa? Wong anggone tuku ya nganggo dhuwit-dhuwite dhewe, Malah aku luwih isin yen duwe TV 29 inehi nanging mung ditukokake wong tuwane utawa mung kridhitan Awake dhewe ki rak kudune wis matur muwun duwe omah, urip murwat, anake ya sehat lan bisa sekolah?”

“Ya bener kandhamu. Nanging wong ki rak ya butuh disawang ta, Pak? Piye panyawange uwong yen awake dhewe katon ketinggalan karo tangga-tanggane?”

“Sing ninggal ki ya sapa? Genah tangga-tanggane dhewe ki ora ana sing mlayu kok wedi ditinggal keri?” wangsulanku sinambi guyon, “Wis Bu, sing, penting angger awake dhewe iki urip apa arane lan ora sah ngayawara sarta tetep anggone ngibadah. Perkara rejeki kuwi rak wis dipariske dhewe-dhewe? Aja sak ndelokke ndhuwur terus, mundhak kesandhung?”

“Wah, Pak. Panjenengan pancen ora kena diajak maju. Apa-apa mung sarwa nrima! Mbok manut ombyaking jaman ta, Pak?l Aku rak ya pengin bisa ketok moncer kaya tangga-tanggane dhewe iki.”

“Wo alah, Bu. Lha ya kowe ki Klambi ya ora kurang, Penganggo ya wis ana, Butuh kelumrahan kanggo nyumbang-nyumbang ya syukur ora keri. Kok ya isih kurang, ta? Mbok eling karo wong-wong sing kesrakat kae kang ora duweomah?t” gedhe. Titik?” aloke bojoku karo sledhat-sledhot mak Klepat mlebu kamar.

Aku mung trima meneng. Yen wis ngono kuwi banjur dak tinggal uduting plataran, Bengi iki cetha bakal ora entuk “jatah”. Mumet

Esuke, kaya adate aku mangkat nyambut gawe karo ngeterke Wawan sekolah. Tekan kantor jare arep ana rapat karo diselingi promosi saka kepengin TV anyar sing pedhene 29 inchi,

“Wah, apa dak cicilke Hwat kantorku wae pa, ya? mumpung, lagi ana promosi.” Aku ngangen-angen lan nimbang-nimbang, “Tinimbang ora entuk jatah maneh?”

lam 1030 petugas promosi wis cecawis anggone arep nawak- mawakake dagangane, Wiwit saka TV, VCD player, radhio, kipas angin, nganti

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 19