Kaca:Sumunar.pdf/25

Kaca iki durung katitiwaca

mesin cuci lan kulkas, Kabeh mau bisa dicicil nganti setaun. Sabanjure aku golek inforega TV indhi, |

Ing wayah sore, njero omahku kelakon ana TV berwama 29 inchi. Anyar gres menges-menges. Methi wae bojoku katon mantep lan marem amarga saiki TV-ne ora kalah apik lan padha gedhene karo TV-ne Bu Sita. Aku dhewe rumangsa rada tentrem amarga wis ora dioyak-oyak maneh karo swarane bojo sing ora ana kendhate njaluk TV anyar 29 inchi, Lan sing, wipati, jatahku bakal dak rapel!

Saiki saben ana tangga kiwa tengen mampir, bojoku tansah sumringah lan kalegan Dheweke rumangsa mongkog, amarga mesthi bakal padha nyumurupi TV anyar 29 inchi ing omahku. Ora ketang aku lan bojoku banjur kudu ngiritekonomi amarpa pajiku saiki kepotong kanggo nyidl TV.

Let nem sasi saka anggonku kridhit TV, aku rumangsa rada ayem amarga cicilan TV mung kari separone, Nanging rasa ayem mau jêbul mung, sedhela, Bali saka arisan, bojoku wis wiwit kumat maneh anggone ngetung, barang-barange tanggane sekomplek,

“Mas, cicilan TV-nerak mung kari separo, ta?”

“Njur? dakmasak. Aku mengko rak bisa blanja kanggo telung dina sisan amarga sayur- sayuran bisa disimpen ing kulkas. Dadi bisa ngirit tenaga lan becakan ta, Pak?”

“Kok ujug-ujug kowe kepengin kulkas? Awake dhewe rak ora patiya mbutuhake? Mbok uwis ta, Bu, Urip samadya wae.”

“Walah, kok ora patiya mbutuhake kepriye, ta? Genah cetha yen awan, gek panas ngenthang-enthang ngene, rak ya mung kari mbukak kulkas, minuman dingin wis cumepak? Lan maneh, Pak, Blanjan pasar rak bisa dak simpen lan awet ana ing kulkas?”

“Wis, wis, Bu, Cicilan TV wae wis marakake mumet! Eling Iho, Bu. Awake dhewe isih nyiril omah, terus dhuwit kanggp tuku kulkas dijupukake dhuwit saka ngendi?” pitakonku rada anyel, duwe barang-barang pepak, kok awake dhewe kulkas wae ora duwe. Ngisin- isini, Pak Sesuk rak ana paji ke-13 ta, Pak? Mbok ditanjakake dadi kakas

ngomong, Yen wis ngene, aku mesthi kalah, Apa maneh yen ngarti nesu, ngerti

kalah dening wong wadon? Ah, ....!

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 16