Kaca:Sumunar.pdf/28

Kaca iki durung katitiwaca

GULING

Ris Hartini

Unine jam sing tumemplek ing tembok ruwangan tengah daleme Bu Hadi muni kaping sanga. Mratandhani yen Dodi, putra pambarepe Bu ladi, lan adhine sing jenenge Andi, kudu wis mapan turu. Kanthi pangajab, esuke kekarone ora kawanan anggone mangkat sekolah Ewadene Bu Hadi lenggahan ana ing ruwangan tengah, Kanggo cegah wungon, Bu Hadi sinambi dondom-dondom kaya kang katindakake ing rikalane sala,

nganggo guling, Gulinge dienggo Mas Dodi dhewe,” ujare Andi marang ibune karo prembik-prembik arep nangis, Sikile pedruk-pedruk karo ngruketibune.

“Ora dhing, Bu. Dodi mung nyilih sedhela wae kok, Mengko yen Dodi wis bubuk genten kareben dienggo Andi,”

mbengok, “Yen ngono aku emoh. Andi dhisik sing nganggo gulinge. Ben cepet bubuk mengko lapi genten Mas Dodi sing nganggo. Pokoke Andi emooooh ... Kudu Andi dhisik sing nganggo gulinge” f

udur rebutan guling, Bu Hadi rada judheg weruh anake padha rebutan guling, Kepriye anggone arep nengahi? Pancen, bocah loro iku anggone turu dadi sadhipan, Diyasani bantal loro, Nanging bengi kuwi Bu Hadi menehi puling siji, Karepe Bu Hadi, guling iku mung, kanggo let wae supaya Dodi lan Andi anggone turu padha ora tumbukan kaya adat sebene. Nanging, jebul guling iku mau malah ndadekake memala. Padha kanggo rebutan! Sing gedhe kepengin turu karo nyikep guling. Dene adhine uga kepengin turu karo nyikep guling,

saiki kowe nrimaa dhisik. Rasah padha rebutan guling. Yen saiki kowe padha ih ling sii-sii, dakkandhani 7

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 19