Kaca:Sumunar.pdf/31

Kaca iki durung katitiwaca

Bu Pardi ngelus dhadha. Dene semono katresnane para sedulur, semajan dudu sanak dudu kadang kok padha melu ngrasakake kasusahan iki. Apa maneh sing tetulung iku dudu wong sugih utawa wong kang turah bandha.

“Ibu, Parta, ayo saiki padha sarapan dhisik,” kandhane Parti marang, Tbune lan Parta,

Wong tlu padha mangan bebarengan, Katone enak banget. Mangan sega lawuhe oseng-oseng, tempe lan endhog, dimasak semur. Bubar sarapan wong telu banjur padha lungguhan sawetara. Sinambi omong-omongan apa sig kaka Aak a Ka aan pan bea.

Lindhu gedhe kang ngobrak-abrik kutha Ngayogyakarta nalika tanggal 27 Mei 2006 parwen ninggalake kahanan kang nggegirisi, Ora sethithik wong kang kelangan anak, bojo, sedulur, dalah omah lan bandha. Begja dene Bu Pardi mung kelangan omah amarga anake kzo pisan isih wutuh. Sanajan mung, kari awak thok, Bu Pardi tansah ngaturake panuwun ing ngarsane Pangeran amarga pinaringan slamet

Saka kabar gethok tular, Bu Pardi krungu manawa besuk arep oleh utawa jaminan hidup,

Waekdu wis lumaku sesasi suwene ip ana tendha, Bantuwan jadhup

“Bu, pamarentah jarene arep menehi bantuwan kanggo ngedegake mah? Lha kok durung mudhunamu hun ya, Bu?” mangkono kandhane Parti marang ibune.

Karepe Parti, yen wis duwe omah maneh rak bisa kanggo dodolan supaya ora nglangut lan bisa ngasilake dhuwit kanggo wragat sekolahe Parta.

“Ya sing sabar ta, Ndhuk. Omah sing ambruk ki rak omahe dhewe. Sing nganggo ya awake dhewe, Dene nganti ambruk ki rak amarga alangan. Dadi aja jur dibubuhake pamarentah, Pira akehe wragat sing dienggo mbangun omah sing cacahe ewon? Kowe rak ya kudu mikir ta, Ndhuk?”

“Bu, Ibu ki rak ora ngerti, Pamarentah ki rak dhuwite akeh Iho, Bu,

arep mbantu kanggo ngedegake omah sing rubuh, Sanmparmane wong lara, awake dhewe ki wis klenger, wis semaput, pul Bu, Ora Bisa disemayani maneh.” kandhane Parti karo mripate kembuh luh, atine nelangsa,

SUMUNAR Artologi Crita Cekak, 2