Kaca:Sumunar.pdf/4

Kaca iki wis dikorèksi
ATUR SAPALA

Puji syukur Alhamdulillah tansah konjuk ing ngarsaning Gusti Kang Amurbeng Jagad awit antologi crita cekak Sumunar iki bisa kababar lan katur ing ngarsaning para sutresna basa lan susastra Jawa. Antologi iki mujudake kumpulan crita cekak asil karyane para pasarta Bengkel Sastra Jawa 2006.

Bengkel Sastra Jawa 2006 kang diandani kaping lima saben dina Minggu, wiwit tanggal 16 Juli nganti tanggal 6 Agustus lan kapungkasan tanggal 27 Agustus 2006, nggladhi babagan proses kreatif nyerat crita cekak. Dene tutor ing Bengkel Sastra Jawa 2006 yaiku Kakangmas A.Y. Suharyono lan Kakangmas Krishna Mihardja kang wus kaloka ing jagading kasusastran Jawa modheren.

Pasarta Bengkel Sastra Jawa 2006 iki para kadang guru SLTP sa-DIY kang mung cacah 25, iya awit biaya kang sarwa cumpen. Ananging semangat makantar-kantar saka para pasarta ndadekake Bengkel Sastra Jawa 2006 lumaku kanthi gayeng lan regeng. Kepara 75% pasarta kang melu gladhen banjur ngripta crita cekak kang wujude bisa kawaos ana ing antologi iki.

Antologi crita cekak iki bisa kababar awit pambiyantu Panjenengan. Mula, panitya atur panuwun marang Drs. Syamsul Arifin, M.Hum minangka Kepala Balai Bahasa Yogyakarta, Drs. Damo, M.A. minangka Kepala Dinas Pendidikan dan Pengajaran Kota Yogyakarta, para koordinator subbidang ing Balai Bahasa, Kakangmas A.Y. Suharyono lan Kakangmas Krishna Mihardja, uga para kadang kang tansah biyantu bot-repote panitya mbabar antologi iki. Nuwun.

Imam. B. Utomo

SUMUNAR Antologi Crita Cekak

v