Kaca:Sumunar.pdf/44

Kaca iki durung katitiwaca

Monroe malah banjur ora gelem ndelengake, sajak malah isin lan ewa. Mrantandhani yen kenya rok biru mau wanita sing luhum bebudene.

Weruh Nyonyah Roos arep diperjaya sing lanang ana puncaking menara kang dhuwur banget cedhak grojogan Sewu, kenya klambi abang mau. ya ora mentala atine. Ora tahan ndeleng lelakon kang gawe ngeresing ati. Saking wedine lan sedhihe, nganti dheweke lali, Bareng-bareng karo

awake Nyonyah Roos sing wis mati jalaran diperjaya sing

Jam sanga kliwat seprapat biyoskup wis bubar. Aku weruh cetha TL NG Je apan kenja Kambi Gg aas LA paset bang kaya ane mentas nandang lara, Dheweke bola-bali tansah mandeng aku kang ana saburine. Sarehning sing nonton akeh, mula metune ya rekasa, Kanggoku malah kebeneran awit bisa nyawang saka mburi kanthi mat banget. Apa maneh bareng metune ngrekasa, aku jejer rapet karo dheweke, Rasaning, atiku saya les-

kumepyuring jiwaku.

Wong wadon loro mau terus ngidul lakune, Bareng tekan sangareping Hotel Garuda, terus mlebu mrono, Mak jegagik, aku mandheg, Ora wani ngetutake maneh, Kuwatir yen dikira arep nyembranani. Saiki aku nembe ngerti cetha yen kenya klambi abang mau dudu wong Magelang, Genah wong, saka manca, Nanging saka ngendi pemahe, aku ora ngerti, Mung, bae aku duwe pangira-ira yen wong mau wong Kebumen, Awit nalika padha guneman tansah dakrungokake. Dhialeke cara Banyumasan!

SUMUNAR Antofgi Orita Cekak, 35