Kaca:Sumunar.pdf/46

Kaca iki durung katitiwaca

KEGEDHEN EMPYAK KURANG CAGAK,

Siti Nurul Chayati

Bu Prapto kang pidalem ing, sajroning perumahan Permata Graha Permai ora bisa ngampet wateke kang srei, Nalika weruh mobil boks kang ngemot barang-barang elektronika mandheg ana ing ngarep omahe, Bu Prapto metu ing teras omah,

celathune Bu Prapto marang, sales kang nggawa barang-barang mau,

“Wonten dalemipun Bu Diyono, Bu, Dalemipun rak leres menika, ta? Jalan Anggrek nomer 10?” wangsulane si Sales nudingi omah nomer 10 ing sangarepe omahe Bu Prapto,

“O, injih, Leres.”

“Matur nuwun, Bu.”

Si Sales mesem, Dheweke banjur tumuju marang ing omah nomer 10. Lawang kang tutupan banjur dithothok,

“Thok... hok... itok...”

Gawanan Yu Yem pembantune Bu Diyono mbukak lawang,

“Menapa keres ipun Bu "pi si Sales.

“OKAN Ka dalemipun Bu Diyono?” pitakone

saka mobil boks. Barang-barang mau banjur dilebokake njero omah. Sawise omah, si Sales marani Yu Yem. “Mangga tapak asma wonten mriki, Bu.”

“Wah, kula boten saged napa niku tandha tangan, je.” “Nggih, mpun. Cap jempol mawon,” kandhane si Sales karo nyekeli jempol tangane Yu Yem. Jempol tangan kang wis diolesi mangsi banjur

SUMUNAR Arzofogi Crita Cekak, 37