Kaca:Sumunar.pdf/47

Kaca iki durung katitiwaca

pundi asalipun. Nanging menawi nitik gambar kerdhusipun, kadosipun kok tipi, kumputer, lemantun es, kaliyan mesin ingkang kangge umbah-umbah niku, lho.”

“Oooo...,” wangsulane Bu Prapto semu ndomblong.

“Nyuwun pangapunten, kula badhe nerasaken damelan malih, Bu. Taksih kathah ingkang dereng rampung,”

“Yawis, Yu. Mung takon wae kok.” h

Bu Prapin mbukak pager kanthi pasuryan kang njegadul. Atine rumangsa panas weruh Bu Diyono bisa tetuku barang-barang elektronik kang mesthine regane ora baen-baen! ;

Esuke, Bu Prapto blanja menyang, warunge Mbok Kusen ing pojok

Kanthi ambegan ngos-ngosan, Bu Prapto nyedhaki Bu Joko, Bu Wardi, lan Bu Jono.

“Eh, kok sajak kesusu, ta Bu? Ana kabar apa?” pitakone Bu Joko weruh Bu Prapto kaya maling dioyak pulisi.

“Tbu-Ipu iki wis padha ngerti apa durung? Ana kabar anyar?”

“Kabar anyar? Kabar apa iku, Bu?” pitakone Bu Jono sajak gumun. Bu ngendikane Bu Jono ing sajroning ati,

“Ngenelho, Bu. Iki ana kabar anyar sing heboh bangeti Bu Diyono, kae elektronik. Ana kulkas, mesin cuci, tipi, komputer, lan liya-liyane”

“We lah, Bu. Dakkira ki kabar apa? Ngono wae kok ya pumun, ta?” wangsulane Bu Wardi.

“Eee, ya nggumunaketa, Bu. Barang-barang, mau rak gedhe pengajine, Cote saiki dipenggalih, saka ngendi maneh barang-barang mau yen ora saka

“Bener kandhamu, Bu. Bojone Bu Diyono mesthi korupsi. Saiki rak wis jamane pegawe padha korupsi. Rak iya ta, Bu?” kandhane Bu Joko marang Ibu- Ibu ing kono,

SUMUNAR grtologi Crita Cekak 28