Kaca:Sumunar.pdf/56

Kaca iki durung katitiwaca

“Alhamdulillah. Matur nuwun, ya Allah, Simbah wa palangan slamet” pangudarasane Indri karo mripate kaca-kaca kumembeng

“Bener kandhane Pak Polisi, Swasana kang, kaya mangkene iki mesthi bakal dimanfaatake para maling” kandhane Pardi muter stang vespane, ngana. Aku kudu cepet-cepet nggawa Simbah nang rumah sakit?”

Tekan ing desane katon sepi. Ora ana pawongan kang, katon kemliwer,

“Wah, gawat, Yen ngene iki bakal akeh maling mlebu mrene, Lha rak tenan, kae rak motore si Jon digawa mlayu uwong?” kandhane Pardi nalika

“Kang, kae rak motore Lusi digondhol maling?” Indri uga melu bengok-bengok. h tan kumecap, Vespane mung dituntun amarpa kentekan bensin!

“Aja-aja, isu tsunami mung disebarake dening para maling, Kang?”

“Bisa uga iya in”

“Nanging kok bisa awake dhewe iki ya katut-katut melu kapusan?”

“Lha wong jenenge wong bingung, panik, Mula ya ora salah ta yen wong kuwi kudu budidaya amrih keslametane? Coba yen jebul ana tsunami temenan, rak kojur yen awake dhewe ora mlayu?”

“Hana Wliaahi wa inna ilaihi tajf'un. Wis, In, Lilakna wae. Simbah wis rumangsa tenirem kapundhut dening Gusti. Awake dhewe dongakna muga- muga arwahe Simbah tinampa dening Gusti Allah,” kandhane Pardi aweh kelipur. Mripate Simbah Pawiro enggal-enggal ditutup dening Pardi.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 47