Kaca:Sumunar.pdf/60

Kaca iki durung katitiwaca

“Bener pa Jon yen kuwi rampoke?” pitakone salah sawijine warpa malika weruh saka kadohan pawongan sangar lungguh aneng pos rondha.

“Leres, Pak. Rampoke niku malah sampun angsalangsalan, kok. Sampun mbekta buntelan ageng lan buntelan kardhus,” Joni, kok malah dikira ninggal mlayu karo bengok-bengok yen aku iki rampok. Wooo, dhasar bocah gendheng tenan sajake.”

Dheweke tetep lungguhan ana ing pos rondha karo udut nunggu mbok menawa ana wong sing teka lan bisa dijaluki tulung nuduhake omah

Nanging saiba kapete bareng saka kadohan katon wong akeh marani pos rondha lan keprungu swarane Joni,

“Niku lho, Pak, rampoke. Kula ajrih?”

Sawise Pak Ratmin lan warga kampung tekan ing pos rondha, nuli

mai aa WKE Warknu madati Bapak kk mboten dicepeng?” pil bingung, desa kene,” celathume Pak Ratmin, saba

Sinambi guyon dhewekenjewer Joni.

“Bocah di tulung kok malah mlayu ngarani rampok. Sesuk maneh rasah melu rondha, Bocah kecir wae, kok.”

Kabeh krungu guyone Pak Bandi, Joni meneng wae,

Kabeh warga padha bubar bali menyang omahe dhewe-dhewe. Joni isih katon mbesengutamarpa rumangsa diparapi kancane, “Wah, sebel... !” grenenge Joni ing pojoking ati. —ba—

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 51