Kaca:Sumunar.pdf/75

Kaca iki durung katitiwaca

WAYUH

Wasi Riyanto

genti-genten tanpa ana jluntrunge. Kahanan kang mangkono mau kadlarung- dlarung nganlii pirang-pirang wengi, Tanpa ana tandha-tandha bakal ngonceki reruweting ati, swasana iki nambahi getiring ati kang, ora bisa dialang-alangi. Gilir gumanti Esuk iku kebeneran ana wektu lodhang. Mula, aku bisa sapejagong karo Mas Sunar. Ngudarasa kahanan sekolah kang wiwit umyeg jalaran keprungu kabar menawa sekolah iki bakal dipabung karo sekolah ndhuwur. Kamangka sekolah iki wis lumaku selikur taun lawase kantii becik lan ngrembaka. Swasana sekolah sing ayem tentrem, kebak ing pasendhon lan gegojegan, bisa nuwuhake rasa krasan ing sekolah, sarta rasa kangen marang, kanca menawa sauntara ora padha ketemu. Karaketane kekancan ora mung ing, sekolah kang kaya ngono rumakete iku wis lumaku pirang-pirang taun lawase,

pepinginane sing luwih dhuwur maneh, Mula, ora aneh kahanan sekolah dadi

“Menawa kawawas saka asile pendhidhikan, sekolah iki ora nguciwani marang sapa bae, Apa maneh manawa saka cacahe murid, sekolah kepara isih nolak akeh ing saben tanme,” mangkono dathune Mas Sunar kang katon ora percaya manawa sekolah iki bakal digabung,

h Na A. AG KAL NG njalari seken atawa Ba baka digabung, amarpa panggonane sing jejer-jejer, sing mung diwatesi pager, Mas? Apa ana kanca-kancane dhewe kene ulawa ing sekolah dhuwur sing duwe gegayuhan arep ndadekake seknlah iki dadi sekolah kang gedhe

“Ah, apa iya mung amarpa bab ngono mau, geneya ora wiwit madege dhisik padha dipikirake?” Mas Sunar nambahi gurem karo sajak ora dadi

SUMUNAR Antolgi Crita Cekak, 66