Kaca:Sumunar.pdf/76

Kaca iki durung katitiwaca

“Kuwi ya mung pangiraku, Mas. Amarga sing kerep dakngerteni, sekolah kang digabungake karo sekolah liyane iku, sing dadi sebab utamane ora amarga kekurangan murid, nanging sekolahe dhewe iki ora ... ta, Mas”? penti pitakonku marang Mas Sunar.

“Lha ya kuwi, 2. Apa para pejabat sing padha nemtokake sekolah iki biyen ora padha mikir untung rugine sekolah sing jejer? Apa ana bab liya sing mung kepengin ngoyak untunge dhewe senadyan kudu ngorbanake liyane?” semaure Mas Sunar karo nyengir.

“Thet... het... het”

Suwara bel nandhakake wektu ngaso wis entek. Kanthi laku sajak isih aras-arasen, aku mlebu kelas saperlu mulang, nindakake kewajiban, Bocah- nanang ala wan Kan AGA SENA aa aan 2: pakan Mas 4 apa kang

njalari sekolah iki diumyuh? Apa ana pawongan ing sekolah nyilakani kanca? hi gge

“Ah, kok malah ngambra-ambra pikiran iki, cubriya duwe pikiran ala marang kanca,” mangkono pangudarasaku,

Aku mlenggong nalika murid-muridku sajak umyep ngrembug bab sing narik kawigatene.

“Apa ya bener sekolah iki arepe dgabung karo sekolah ndhuwur? Wah, menawa temenan, aku seneng banget awit kancane dadi akeh,” uluke salah sawijining murid.

“Ah, yen aku ora setuju sebab manawa muride akeh, pengawasane saya angel. Mula asile mesthi ya elek,” mangkono mau celathune Danang,

“Kuwi rak ya mung panemunu: dhewe sebab manawa muride akeh, umume luwih santosa ana ing bab apa bae kayata olahraga, kesenian, katampi ari; arta ING Pabeyan ilmu pengalihan Kyana?” Baskara melu

“Coba saiki pikiren kanthi wening, Yen muride mung sethithik, bakal ora bakal luwih apik yen katandhingake karo kes privat” mangkono mau sumaure Danang kanthi alon tur cetha.

“Yen nyawang sekolah aja mung saka bab biji kelulusane thok, nanging kudu disawang saka bab liyane upa. Contone menawa olahrapane apik, saliyane bocahe kondhang, sekolah upa katut kondhang, Saumpama ana

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 67