Kaca:Sumunar.pdf/8

Kaca iki wis dikorèksi

TINTINGAN

PENGAREP-AREP SING (MUGA-MUGA) BISA NETES
Cathetan Alit Saka Tutor

Salaras karo jenenge, bengkel mono mujudake sawijining srana kanggo ndandani barang, embuh kuwi barang kang rusak utawa mbenakake barang sing kurang pener. Mung wae ing bengkel sastra iki penulis luwih sreg yen migunakake bab sing kapindho, yakuwi mbenakake sing kurang pener. Tegese, nalika sepisanan penulis kang dipercaya minangka tutor mawas yen para peserta kang dumadi para guru SMP kuwi genah manawa dudu barang rusak. Bab mau kabukten, sepisanan kumpul langsung “digebrag” supaya nulis crita cekak.

Sekawit pancen padha sambat lan protes yen ora bisa nulis, kanthi sawernaning alesan sing tinemu nalar. Sing babar pisan durung tau nulis crita cekak rumangsa bingung. Olehe teka ing Bengkel Sastra Jawa iki saperlu ajar kok langsung dikon gawe crita cekak? Lan sapanunggalane alesan kang wose padha, yakuwi ora bisa! Mung wae, penulis tetep meksa, embuh kepriye dadine sing penting gawe. Perkara asile apik apa elek, kurang apa luwih, tiba mburi. Rehne rumangsa dipepet, kanthi kepeksa, wusanane ya banjur padha gawe. Maneka warna solahe, ana sing serius, santai, malah ora sethithik sing ndadak lungguh ndhewe utawa golek papan sepi. Jarene, luwih kepenak anggone golek inspirasi, tur ya ora krasa keganggu ing liyan. Kabeh disekarep utawa dibebasake. Sing penting gelem lan bisa gawe crita cekak.

Ing wektu sing wis katemtokake, gladhen di-stop lan asile diklumpukake dening tutor lan panitya. Asil reriptan mau banjur ditliti, ditlusur, lan ditlesih mungguh becik lan kurange naskah. Pranyata pancen nyolong pethek. Meh kabeh peserta sejatine duwe bakat gawe karya crita cekak. Anggone milih tema, gawe alur, lan ejaan wis pener. Yen ana kekurangane kuwi wajar. Awit sanajan racak-racak guru basa Jawa, ananging jejibahane winates ngiling ilmu basa Jawa marang muride. Dene ngenani nulis cerkak, pancen akeh sing durung tau. Malah siji loro lagi ngalami nulis cerkak nalika melu Bengkel Sastra Jawa 2006 iki.

Mbaka siji naskah-naskah sing ana banjur ditintingi. Ing kene tegese bengkel temen-temen wiwit dipigunakake. Jroning wektu candhake, saben patemonan kang diadani dina Minggu, karya-karya mau dibedhah. Srana

SUMUNAR Antologi Crita Cekak

ix