Kaca:Sumunar.pdf/94

Kaca iki durung katitiwaca

Batine Dhani kang mau kebak ing kabagyan, marga ketemu keluwarga kang didama-dama. Dumadakan owah dadi panalangsa lan rasa gegetun. Sanadyan jejere wong lanang, kanyata mripate Dhani upa bisa netesake luh.

Durung rampung anggone nggetuni lelakon kang, wis kelakon, kupinge kang uga krungu tangising bayi mau enggal mlayu mlebu kamar, banjur nggendhong bayi mau. Dhani plonga-plongo meruhi kedadeyan kang sapa bayi iku, Pitakonan-pitakonan iku ngebaki pikirane Dhani,

“Ning, kuwi anakesapa?”

“Ya mesthine anake wong tuwane ta, Mas.”

“Lha iya wong tuwane kuwi sapa? Yen titip anak kok nganti wayah sore ngene durung dijupuk. Wong tuwane kuwi nyambule gawe apa ta?” pitakone Dhani kang tansah ngoyak wangsulane Gumrining.

Gunarining ora mangsuli pitakone Dhani, dheweke ribut ngeneng-nengi Wan ai ! bocah kaya ngono enggal ditulung “Ning.....! Ning... mangis kaya kok ora di

Iho!” swara iku keprungu saka njaban omah,

Ora let sedhela Dhanang katon ana tengah lawang, katon yen dheweke lagi mulih anggone nyambut gawe, Sawise weruh sapa kang ana ing njero ngomah, Dhanang kaget ora percaya marang apa kang diweruhi. Tangane dikeplakake ing pipine dhewe, kanggo mbuktekake lelakon iku pangimpen apa

“Dhani... Kowe Dhani tenan! Oh, matur nuwun Gusti...” karo omong, mangkono Dhanang, ngruket Dhani, Wang, loro iku padha rerangkulan. Ora sajroning patang tahun kuwi ora ana sarana kang bisa kanggo sesambungan.

Sawise Dhani nyambut gawe ing Aceh, durung nganti patang sasinan ana kabar yen Aceh kena bencana tsunami. Kabar kang dimangerteni saka teve, layang kabar lan omongane wong akeh, yen tsunami ing Aceh iku nggawa korban kang ora sethithik mbuh kuwi bandha apa dene nyawa, Papan nyambut gawene Dhani iku kalebu wilayah kang kena tsunami, mula sawise bencana iku dumadi Dhanang ora bisa sesambungan maneh karo Dhani, Dhanang mung ngenteni kabar saka Aceh, sesasi, rong sasi nganti setahun luwih ora ana kabar, Malah bapakue mesthekake yen Dhani iku klebu korban kang mati marga

“Oeeek_... 0eeek 4!” bayi kang ana ing gendhongane Gumrining durung meneng,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 85