Kaca:Sumunar.pdf/97

Kaca iki durung katitiwaca

entha, dikarang dening Dhanang, Bisa upa yen dhawuhe Bapakne iku mung gaweyane Dhanang dhewe sing pancen wis duwe melik marang Gumrining,

“Nang, tenan yen Bapak dhawuh supaya kowe ngrabeni Gunwuining?”

“Dhan ..., apa aku arep ngapusi kowe ta, Dhan?!”

“Bisa wae, merga kowe pancen wis suwe nyimpen rasa melik marang Gi

“Aku wani sumpah, aku ora nduweni pikiran kaya mangkono, Dhan.”

“Kowe aja dolanan sumpah, marga sumpahmu kuwi kowe bisa nyilakani kowe dhewe.”

Dhanang wiwit mangkel karo sedulure kembar kuwi, teka tegel-tegele nduweni pandakwa marang dheweke kang mangkono,

“Yeh sa mali wastan Dhangan awa. wis mdakawa aka mangkih sing baku aku wis ngomongke apa anane marang kowe.”

“Piye 1?” Dhani saya kebrongot atine,

“Perkara kowe bisa nampa apa ara, luweh. Wong nyatane tanpa kowe bali mulih mrene bokmenawa ora ana perkara kaya ngene iki”

  1. Bangsat. pisuhe Dhani kang dibarengi koro kepelan tangane kang

ngenani pipine Dhanang,

“Menungsa ora tata, Apa karep?” celatune Dhanang karo nyekel pipine kang njarem merga antemane Dhani,

“Karepku? Karepku gampang, Kowe ngakoni yen kowe ngrabeni Gumrining iku merpa saka karepmu dhewe. Sawise kowe ngakoni banjur siapna awakmu kanggo ngadhepi patimu!” swarane Dhani groyok merga mesune kaya wis ora bisa dikendhaleni maneh,

Gumrining kang kawit mau ana njero kamar ngeloni anake, banjur

“Mas Dhani, Mas Dhanang cukup ..! kabeh ora ana kang luput” kandhaneGumrining nedya misah regejegane wong loro loroiku,

“Aku wani sumpah awit asmaning Allah yen apa sing Mas Dharnang mau bener kabeh. Daljaluk Mas Dani bisa menggalih kanthi wening, Aku kepingin Mas Dhani bali kaya Mas Dhani sing, dakkenal biyen. Mas Dhani sing tansah wicaksana ngadhepi samulharang perkara, Aku ora tialo Ma b rela na Kan a AA 8 Kn a aa mangkono Mas, aku bingung. Kudu kepriye mengkone,” Gumrining mandheg anggone cancangan banjur ngelapi luh kang terus milisaka uripake.

Krungu kandhane Gunwining, Dhani katon lilih, Tangan kang matine ngepel banjur udhar. Mripate mandeng marang Dhanang, lan Gumwining, Dumadakan Dhari nyeraki Dhanang banjur ngran kal sedulure kembar iku.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 58