Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi

III. Piwulangé

PIWULANGÉ GUSTI YESUS ANA ING GUMUK

Kabegjan sejati

Mat. 5:1-12

 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akéh mau, banjur minggah ing gumuk. Sawisé lenggah, para muridé padha mapan lungguh ngubengi Panjenengané. Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:

"Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané Pangéran; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Pepréntahané Allah.

Begja wong sing prihatin;

awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah.