Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi

20

Piwulangé

'Padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.'"

 Pangandikane Gusti Yésus: "Wangsulanmu kuwi wis bener. Kuwi lakonana, temah kowé bakal oleh urip langgeng."

 Nanging ahli Torèt kuwi arep mbeneraké awake dhéwé, mulané nuli nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Lajeng ingkang dados sesami kula menika sejatosipun sinten?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Ana priya lelungan, mlaku saka kutha Yérusalém menyang kutha Yériko. Ing dalan wong mau dibégal. Barangé dirampok, lan wongé dhéwé digebugi nganti setengah mati, banjur ditinggal déning bégalé ana ing tengah dalan. Kapinujon ana imam liwat ing kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, imam kuwi banjur mlaku mlipir metu sisih kanané dalan. Semono uga wong Léwi, sing liwat ing kono, wong mau weruh wong sing dibégal mau, nanging mlaku terus, liwat pinggir dalan sing sisih kana. Tumuli ana wong Samaria sing lelungan, uga liwat ing dalan kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, atiné trenyuh. Nuli diparani, tatuné dilengani, lan diwènèhi anggur, sarta dipreban. Sawisé kuwi nuli ditunggangaké ing kuldiné, digawa menyang ing penginepan, sarta dirumat ana ing kono. Ésuké wong Samaria mau mènèhi dhuwit rong dinar marang sing duwé penginepan, karo masrahaké wong sing lara mau, tembungé: "Wong iki rumatana. Mbésuk yèn aku bali liwat kéné, ongkosé enggonmu ngrumati wong kuwi bakal dakbayar kabèh."

 Gusti Yésus nuli mungkasi critané mau srana ndangu mengkéné: "Manut panemumu, wong telu mau endi sing dadi pepadhané wong sing dibégal?"

 Ahli Toret mau mangsuli: "Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga.

Bab pengadilan sing wekasan

Mat. 25:31-46

 "Mbésuk samasa Putrané Manungsa rawuh ngagem kamulyané, kadhèrèkaké sakèhing malaékat, Panjenengané bakal lenggah ing dhamparing Pepréntahané Gusti Allah, lan sakèhing wong ing bumi bakal kaklumpukaké ing ngarsané. Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kaya pangon sing misahaké wedhusé gèmbèl lan wedhusé bérok. Sing gembèl dipisahaké ana ing tengené lan sing bérok ana ing kiwané. Tumuli Sang Prabu bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing tengené: 'Mara, kowé sing padha binerkahan déning Ramaku. Kowé bakal padha ngrasakaké kanikmataning Pepréntahané Allah, sing wis kacawisaké wiwit dumadiné jagad. Awit nalika Aku keluwèn, Aku kokcaosi dhahar; nalika Aku ngelak, Aku kokcaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, Aku kokcaosi pondhokan ing omahmu; nalika Aku kewudan, Aku kokcaosi ageman; nalika Aku gerah, Aku kokupakara; nalika Aku dikunjara, Aku koktiliki.' Ing kono wong-wong mursid mau padha matur: 'Gusti, kala menapa kawula sumerep Pan-