Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

22

jenengan keluwèn, lan kawula caosi dhahar, utawi kasatan, kawula caosi ngunjuk? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan ngumbara, lajeng kawula caosi pondhokan ing griya kawula? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan kelukaran, lajeng kawula caosi ageman? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan gerah utawi dipun kunjara, lajeng kawula tuwèni?' Sang Prabu nuli paring wangsulan: 'Elinga, apa waé sing tau koktindakaké marang salah sawijining sedulurKu sing asor dhéwé iki, kuwi ateges iya wis koktindakaké marang Aku!'

 Sang Prabu mau iya bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing kiwané: 'Padha sumingkira saka ing ngarepKu, kowé wong sing kena ing laknat! Sumingkira menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté! Awit nalika Aku keluwèn, kowé ora nyaosi dhahar; nalika Aku ngelak, kowé ora nyaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, kowé ora nyaosi pemondhokan; nalika Aku kewudan, kowé ora nyaosi ageman; nalika Aku gerah, lan ana ing pakunjaran, Aku ora kokupakara.'Wong-wong mau nuli bakal padha munjuk: 'Kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, kasatan, ngumbara, utawi kelukaran, utawi gerah, utawi dipun kunjara lan mboten kawula ladosi?' Sang Prabu banjur bakal paring wangsulan: 'Rungokna sing becik. Apa waé sing ora koktindakaké marang salah sawijining wong sing asor dhéwé iki, kuwi iya ora koktindakaké marang Aku.' Wasana wong-wong mau bakal nampa paukuman langgeng, nanging wong-wong mursid bakal nampa ganjaran urip langgeng."


IV. Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

Mantèn ing kutha Kana

Yoh. 2:1-12

 Let rong dina, ing kutha Kana, ing tanah Galiléa, ana wong duwé gawé. Ibuné Gusti Yésus jagong mrono. Semono uga Gusti Yésus lan para muridé padha diulemi. Bareng angguré entèk kabèh, ibuné Gusti Yésus nuli ngandika marang Panjenengané: "Padha kentèkan anggur."

 Gusti Yésus ngandika: "Ibu, sampun ndhawuhi kula nindakaken menapa-menapa, jalaran samenika dèrèng dumugi wekdalipun."

 Ibuné Gusti Yésus mau nuli ngandika marang para peladèn: "Apa sing didhawuhaké Yésus marang kowé, padha lakonana!"

 Ing kono ana genthong wadhah banyu enem, sing disedhiyakaké kanggo sesuci, manut prenatané agama Yahudi. Saben genthong mau bisa amot wolungpuluh tekan satus liter. Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladen: "Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu."

 Para peladen nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak. Sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika: "Nyidhuka banyu kuwi sethithik lan aturna marang pemimpining pésta!"

 Peladen mau banjur nindakaké apa sadhawuhé. Pemimpining pésta banjur ngicipi banyu mau, sing saiki wis malih dadi anggur. (Pemim-