Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/43

Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

42

 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: "Apa rumangsamu Aku iki bégal, déné olèhmu arep nyekel Aku ndadak nggawa pedhang lan penthung? Apa Aku ora saben dina memulang ana ing Pedaleman Suci; kok ora kokkapak-kapakaké? Nanging kabèh iki kedadeyan kaya mengkéné, supaya kelakon apa sing wis ditulis déning para nabi ana ing Kitab Suci."

 Sawisé kuwi para muridé Gusti Yésus nuli pada ninggal Panjenengané lan padha mlayu kabèh.


Gusti Yésus ana ing ngarepé Pengadilan Agama

Mat. 26:57-68


 Wong-wong sing padha nyekel Gusti Yésus banjur ngirid Panjenengané menyang dalemé Imam Agung Kayafas. Para ulama lan para sesepuhé bangsa Yahudi wis padha nglumpuk ana ing kono. Ing nalika semana Pétrus ngetutaké Gusti Yésus saka kadohan, nganti tekan dalemé Imam Agung. Pétrus banjur mlebu ing pekarangan kono lan lungguh bareng karo para wong jaga. Pétrus kepéngin weruh, kepriyé bakal kerampungané kedadéyan kuwi mau kabèh. Para pengareping imam lan para wargané Pengadilan Agama kabèh padha ngudi, supaya olèh seksi-seksi palsu, sing njalari Gusti Yésus kena dipatrapi paukuman pati. Senajan akèh wong sing padha maju gelem dadi seksi, nanging paseksiné mau ora ana bukti-buktiné. Wusana ana wong loro sing maju, lan matur: "Tiyang menika naté mungel: 'Aku bisa mbubrah Pedalemané Allah lan bisa mbangun menèh sajroné telung dina.' "

 Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yésus: "Apa kowe ora mangsuli pendakwané wong kuwi?" Nanging Gusti Yésus kèndel waé. Imam Agung banjur ngandika menèh: "Demi Allah kang gesang, saiki kowé kandhaa marang aku nganggo sumpah, apa kowé ngaku, yèn kowé kuwi Sang Kristus, Putrané Gusti Allah?"

 Gusti Yésus ngandika: "Inggih, leres. Wiwit samenika panjenengan badhé mirsani Putranipun Manungsa pinarak ing tengenipun Gusti Allah, ingkang Maha Kuwaos, lan rawuh nitih méganing langit."

 Mireng pangandikané Gusti Yésus mau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: "Wong iki nyenyamah marang Gusti Allah! Wis ora prelu seksi menèh! Kowé kabèh padha krungu dhéwé enggoné nyewiyah marang Gusti Allah. Saiki kepriyé penemumu?"

 Sing didangu padha mangsuli: "Tiyang menika lepat, lan kedah dipun ukum pejah.

 Gusti Yésus nuli diidoni lan diantemi déning wong-wong mau. Ana uga wong sing ngampleng Panjenengané karo muni: "Coba, bedhèken, Sang Kristus! Sapa sing ngampleng kowé?"

Gusti Yesus ana ing ngarsané Gubernur Pilatus

Mrk. 15:1-5

 Isih ésuk banget, para warganing Pengadilan Agama wis nglumpuk kabèh. Para pengareping imam, para penggedhéné bangsa Yahudi, lan para ahli Torèt, padha énggal-énggal rembugan. Gusti Yésus dibanda, nuli digawa menyang ngarsané Gubernur Pilatus, lan dipasrahaké.