Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi

 4. Klambine putih, clanane ireng
 5. Pak Makmur milang-miling nggoleki kenthes.
 6. Pak Makmur budhal, jaga keamanan.
 7. Sedhela maneh Suminar mapan turu.
 8. Ibu menyang pawon adang uwi karo nggodhog wedang.
 9. Ing njaba udan grimis.
 10. Dumadakan kaget, krungu swarane wong bengok-bengok.

B. Ukara iki waliken.
Tuladha :

a. Pak Makmur nggoleki kenthes.
b. Kenthes digoleki pak Makmur.

1. a. Suminar lagi ngringkesi buku.
    b. ...............................
2. a. Andaru nyulaki meja.
    b. ...............................
3. a. Ibu makani pitik ing mburi.
    b. ...............................
4. a. Bapak nggawa kethongan.
    b. ...............................