Kaca:Tunas Semi.pdf/26

Kaca iki wis divalidasi

Hemma Ratnaningsih

SANGSARA GUSTI ING PUNCAK GOLGOTA

Gusti pepundhen kawula

Abdi dalem ngrerepeh nyungkemi Panjenengan

Tebah-tebah dhadha nggetuni urip

Gesang kebak kanisthan, kebak duraka

Amrih kawula Pangran kaputus ukum seda

Oh sukma delengen Gusti. Nampani pamenthangan

Mikul salib tindak menyang Golgota

Tansah dibebeda, dianiaya

Gusti pepundhen kawula

Panjenengane dhawah ... dhawah ... dhawah

Oh,sukmaku delengen Gusti sesembahanmu

Dilarak menyang pamenthangan

Panjenengane nandang kasangsaran nglabuhi aku

Nebusi kadurakan

Rama kang dadi panggujenge

"Rama, kawula masrahaken jiwa kawula ing asta dalem

kang maha gesang seda

sukmani banjur mabur ing taman firdaus

Dhuh Sang Hyang Alah

Seda anglebeti titah

Sumujud manembah marang Pangeran

Pungkasing ing donya tumuju kalanggengan

16