Kaca:Tunas Semi.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
ATUR SACUWIL

Alhamdulillah, awit antologi guritan kang banget prasaja iki wis kasil kaimpun lan kababar. Buku iki mujudake kumpulan utawa antologi guritan asil karyane para peserta kang dumadi saka para siswa SMU se-DIY. Kegiyatan Peningkatan Apresiasi dan Penulisan Kreatif Sastra Jawa kang disengkuyung dening Balai Bahasa Yogyakarta iki minangka gantine Bengkel Sastra Jawa kang wus diadani saben taun. Nanging bedane, yen Bengkel Sastra diadani nganti kaping sepuluh pertemuan, lha yen kegiyatan iki mung diadani kaping pindho, yakuwi dina Ahad tanggal 3 Oktober 1999 (mapan ing Balai Bahasa Yogyakarta) lan tanggal 10 Oktober 1999 (mapan ing Kaliurang). Amarga mung diadani kaping pindho lan para peserta kudu wis bisa ngasilake karya guritan, mula asile mesthi wae isih kurang gregete. Nanging sanajan mangkono katon banget yen para peserta kegiyatan iki, ya para nom-noman siswa SMU, ngatonake semangat kang gedhe banget murih bisane nganggit guritan. Yen kita tintingi pancen ya ana guritan sing wis rada “isi”. Nanging sing baku kuwi rak kepriye bisane para generasi mudha kita ngapresiasi lan nganggit guritan saengga mujudake semine tunas-tunas mudha kang bakal njejegake lan ngrembakake sastra Jawa, mligine guritan. Mesthine wae tunas-tunas kang lagi wiwit semi kuwi perlu diopeni, dirabuk, lan disiram kanthi tlaten saengga ora gampang alum lan garing.

Antologi iki bisa klakon kababar awit pambiyantune saka panjenengan kabeh. Mula ing kene kita ngaturake gunging panuwun marang Bapak Suwadji, Pangarsa Balai Bahasa Yogyakarta, Dra. Sri Widati, Koordinator Subbidang Sastra, lan Drs. Slamet Riyadi, Koordinator Subbidang Pembinaan, kang wus ngayomi kegiyatan iki. Kita uga ngaturake gunging panuwun marang Drs. Poer Adhie

iii