Kaca:Tunas Semi.pdf/64

Kaca iki wis divalidasi

"mengkono". Kandha ngalor nanging sing dikarepake mendhuwur! Mula saka iku, guritan beda karo crita cekak (ya jelas no), crita sambung. apamaneh sejarah utawa biologi. Beda!

Sadurunge nyemplung ing "praktek nulis guritan", saiki ayo nyoba mbedakake antarane guritan lan ilmu liyane. Upamane sejarah Ian biologi. Miturut panemune sapa? Miturut panemuku lan penemumu! Dudu panemune wong-wong sing mulih pasar. Mbedakake guritan Ian ilmu liyane iku ngenani sawijine perkara. Upamane bae ngenani donyaning tetuwuhan. Njupuk bae wit....glugu! Ngerti ta wit glugu? Wit glugu iku wit sarwaguna. Apa-apane kabeh kena dimanpangatake. Nanging eling Iho, yen ana bocah wadon kaya wit glugu, iku kurang becik. Wit glugu iku rak sing menek era mung wong siji loro ta? Dadi yen ana bocah wadon "akeh sing menek", ora becik. Hi hi hi hi....!

Digepokake karo sejarah, sejarah asal usule glugu, pirembugan bakal digandhengake karo asal-usule glugu, pirembugan bakal digandhengake karo asal-usule wit glugu. Iki upamane: yen bareng ditlusur menawa glugu iku -upamane- asale saka Nuswantara, ha mbok nganti kapan bae ora bisa diowahi dadi—upamane: glugu asale saka Portugis, Israel, utawa Ustrali. Ora bisa!.

Digepokake karo biologi, pirembugan bisa kupeng ing perkara —upamane— kalebu thukulan kanthi jenis oyod sing kepiye Ian mlebu perangan thukulan berkeping" pira. Yen sawi&e ana klasifikasi menawa glugu iku kalebu jinising thukulan "berakar serabut", arepa dijungkir walik tetep ora bisa dilebokake jroning

54