Kaca:Tunas Semi.pdf/65

Kaca iki wis divalidasi

thukulan jinis "berakar tunggang". Semana uga yen wis digolongake minangka thukulan "berkeping kembar".

Iki beda yen perkara glugu dirembug adhedhasar "abang ijone" guritan. Glugu bisa didadekake lajerin rembug ngenani tresna jalu estri, utawa pasrawungan antarane titah Ian Gustine.

Ayo saiki nyoba bareng-bareng gawe guritan kanthi milih tembung "glugu" minangka undheraning perkara. Ewasemana sadurunge tembung "giugu" minangka undheraning perkara. Ewasemana sadurunge tembung iku ditetesake dadi pirang-pirang tembung sing mengkone nglumpuk dadi ukara-ukara, ora ana alane aku lan sliramu tepung luwih cedhak ngenani cirikhase glugu, upamane:

- Blegere lempeng, ora cawang-cawang, lan dedege dhuwur.

- Uwohe, yen isih cilik jenenge bluluk, bareng rada gedhe dijenengi cengkir.

mundhak maneh duwe jeneng degan, banjur yen wis diwasa aran krambil.

- Yen kembange - jenenge manggar - dideres bisa metu legene(wong Kebumen

ngarani "sajeng" - saka tembung kersane kanjeng?)

- isih ana maneh, nanging goleka dhewe (he he he.....ngguyu!)

Langkah sabanjure yaiku milih tema. Yen temene perkara tresna (upamane kepengin nelakake tresna marang wong sing digandrungi) bisa nulis ngene:

(Irah-irahan bebas)

glugu sing daktandur jroning atiku

terus dakxabuk sadawane wektu

55