Kaca:Tunas Semi.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi

kareben mbesuk tembe bisa kembang lan uwohe thukul ing taman "smaramu"

Sliramu bisa mbiji miturut ukuranmu dhewe-dhewe ngenani tembung sing dipilih: pas utawa ora. Awit sapa ngerti sliramu bisa nemu tembung sing luwih mathis, luwih manis, Ian luwih puitis. Saliyane iku, diwawas saka babagan "mutu", sliramu uga bebas mbiji. Dibiji apik hiya kena, biasa-biasa bae ora ana sing nglarang, Ian dibiji uelek (elek banget) aku hiya ora muring. Bebaslah! Awit ancasku mung kepengin ngaturake; sepisan, wit sing ing sadhengah papan ana, pranyata kena kanggo lelantaran nelalake katresnan. Kapindho, "tembung kunci" - yaiku glugu mujudake tembung lumrah. Semana uga tembung-tembung sing mangun dadi untingan (bait). Katelu, guritan sing dumadi saka patang larik iku wis ngompliti syarat "pengin kandha mengkene" nanging olehe ngomongake malah kanthi "kandha mengkono".

Sauntara iku, yen aku lan sliramu kepengin nelakake anane iman marang Gusti Kang Akarya Jagad, bisa kanthi nulis mengkene;

iki cahya-Mu, manther saka pucuk glugu

dhuwur ngungkuli mahameru

cendhak sangisore dlamakan suku

perbawane cahya gumilang

dadiya panulaking sesiku

ana kalane obor kena pepati

nanging panjingna obor kalanggengan ing gluguning ati

Nah, kaya guritan sing kapisan, guritan kapindho iki uga ora uwal saka perkara "glugu".

56