Kaca:Uripé wong murka.pdf/12

Kaca iki wis dikorèksi

Pak Trimo dina iku sing mancing karo mikirké uripé. Lah kok ujuk-ujuk pacingé kesendal. Pak Trimo terus narik pancingé, nanging kok krasa abot banget. Mikiré: “Wah, iki mesti iwak gedé, dina iki aku bakal mangan énak tenan.”

Sing narik pancingé karo sikilé mancat lemah lan tangané ngèwèl-ngèwaèl.