Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/30

Kaca iki durung katitiwaca

sawah nggenirangirim ring Ayuga, pradeçanira ken Endok aran ing Pangkur.

Tumurun sira irika bhatara Brahma asanggama lawan ken Endok, enggenirayuga ring Tegal lalateng, angenaken strisamaya sira bhatara Brahma: “Hayo kita asanggama lawan lakinta muwah, yan ko asanggamaha lawan lakimu, lakimu mati mwah kacacampuran mene yugamami iku; arane yugamami iku ken Angrok, iku tembe kang amuter bhumi Jawa.” Muksah sira bhatara Brahma. Sira ken Endok anuli maring sawah, katemu sira Gajahpara. Lingira ken Endok: “Kaki Gajahpara wruhanira yen ingsun rinowang asanggama denira hyan tan katinghalan ri Tegal ing lalateng, wekasira ring isun: hayo aturu lawan lakinta muwahmuwah, mati lakinta yan amaksakna aturu lawan kita, kalawan kacacampuran yuganingong iku”. Tumuli mulih sira Gajahpara, teka ring umah den-ajak aturu sira ken Endok, harep den-rowanga asanggama manih. Alumuh sira ken Endok ring ki Gajahpara. “Eh kaki Gajahpara pegat ingsun aomahomah lawan sira, awedi sun ing pangucap sang hyang, tanpaweh yan atemu manih lawan sira”. Lingira Gajahpara: “Nini angapaha, sun-kapakena, suka ingsun yen apegatana kalawan sira, dening renareni kang saking sira den-mulih manih nini maring sira, pomahomahingsun den-mulih manih maring ingsun.” Tumuli huwusing mangkana ken Endok mulih maring Pangkur sabrang lor, sira Gajahpara maler ing Campara sabrang kidul. Durung genep sapasar mati sira Gajahpara. Suraking wong angucap: “Kamakara panase rareng jero weteng iku, durung pira pepegatane ramane lanang wadon, tur wong-atuwane lanang mati.” Wekasan huwus genep leking rare metu rare lanang, binuñcal ing pabajangan denira ken Endok. Dadi hana wong amaling, aran sira Lembong, kasasar ing pabajangan tuminghal ing murub, pinaran denira Lembong, amiresep rare anangis, pinarekan denira Lembong, singgih kang murub rare anangis ika, sinambut ingemban bhinakta mantuk, denaku weka dera Lembong. Angrungu sira ken Endok yen sira Lembong angakuaku weka, ring rowange ki Lembong kang awerta, anengguh rare antuke amamanggih ring pabajangan, katon murub ing ratri. Tumuli pinaran denira ken Endok, singgih siranakira. Kecapira ken Endok: “Kaki Lembong manawa sira tan supeksa ring rare kang deniramanggih iku, anakingsun puniku, kaki; ayun sira kaki wikana purwakanipun, antukira bhatara Brahma asanggama kalawan isun puniku, hayo tanpamule sira ring rare puniku, upama ababu