Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/45

Kaca iki durung katitiwaca

brahmana: „Aron ta sira kaki asenetana rumuhun”. Pinariringaken manawi [17] brahmananira adwa, ya ta rahaden sama maring sirapañji Patipati. Andikanira raden: „Pañji Patipati ingsun asenetan ring umahira, anengguh ingsun harep ilangakena bhatara, yen ingsun atut harep ilangakena, nora dosaningsun”. Pinarurungoken denirapañji Patipati: „Rahaden atut, yen pakanira ingilangaken pun Lembu ampal sinalahan”. Mangkin enak denirasenetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih tan kampanggih. Pinarurungoken tan kaparungon panarira. Ya ta sinenggeh sira Lembu ampal sakarayita lawan raden kalih denira bhatara. Samangka sira Lembu ampal ingilangaken, malayu tasenetan ing tatangganirapañji Patipati. Angrungu sira Lembu ampal yen raden kalih hana ring sirapañji Patipati. Ya ta sira Lembu ampal marek ing raden kalih, aturira Lembu ampal ing raden kalih: „Manira angungsi ring pakanira pukulun, dosa-manira kinen angilangakena ring pakanira denira bhatara. Mangkin ta manira aneda cinoran manawi manira tan kandel den pakanira, enakan manira angawula ring jeng pakanira”. Sampune cinoran awatara kalih dina, sira Lembu ampal marek ing raden kalih, matur ing raden: „Punapa wekas pakanira rahaden, tan wonten puharanirasenetan, manira anuduka wong Rajasa mene, sedengipun ababañu”. Tatkala sore, anuduk wong Rajasa sira Lembu ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujaring wong Rajasa: „Wong Sinelir anuduk wong Rajasa”. Watara kalih dina wong Sinelir sinuduk dening Lembu ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujaring wong Sinelir: „Wong Rajasa anuduk ing wong Sinelir”. Wekasan atutukaran wong Rajasa lawan pangalasaning Sinelir, rame alolongan, sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sirapañji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrungu sira Lembu ampal yen wong kalih batur ingilangaken, mara sireng wong Rajasa sira Lembu ampal. Lingira Lembu ampal: „Yen sira ingilangaken angungsia ring raden kalih sira, apan sama hana rahaden ”. Sangguping wong Rajasa: „Parekakena ugi, ki Lembu ampal, wong batur puniki”. Bhinakta pinituhaning wong Rajasa, marek ing raden kalih. Aturing wong Rasaja: „Pukulun pakanira sakitaha kawula ing Rajasa, sahandika-pakanira, pakanira-corana, manawi tan tuhu pangawulanipun, pahea rika denipun angawula”. Mangkana wong Sinelir, sama ingundang pinituhanipun, tunggal sanggupipun lawan wong Rasaja, tur pinatut kalih batur sampun kacoran, winekas: „Mene sore pada merenea, tur amawaha sahayanira sowang sowang, pada ambarananga maring kadaton”. Sama amit mantuk wong Sinelir lawan wong Rajasa. Katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya, sama marek ing ayunira rahaden kalih, sama wano ; anuli mangkat ambaranang mareng jero kadaton. Mogha kagyat sirapañji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan. Marining geger, rinuruh dening kawulanira, pinikul pinalayoken maring Katang lumbang. Kang