Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/53

Kaca iki durung katitiwaca

prabhu çri Kertarajasa. Tahun pañjenengira, oremira awihen. Mokta sira, dhinarma ring Antapura, moktanira i çaka 1257.

Bab VIII

Gumanti raden Kala gemet angadeg prabhu, abhiseka bhatara Jayanagara. Çri Çiwabuddha dhinarma ring Tumapel, bhisekaning dharma ring Purwapatapan. Helet pitu-welas tahun adeging dharma lawan paranggalawe. Sira Rangga lawe arep adegakena patih wurung, margane andaga maring Tuban sira Rangga lawe tur angapusi rorowang. Wus kapusan wong Tuban sagunung lor, samahidep ing sira Rangga lawe. Araning kang ahidep pañji Marajaya, ra Jaran waha, ra arya Siddhi, ra Lintang, ra Tosan, ra Galatik, ra Tati rowangira Rangga lawe andaga. Sangkaning lungha saking Majhapahit arebut lungguh, sira Mahapati amiçunaken aderwe dandan ujarira Rangga lawe: „Aja kehing ucap, hana ring Parthayajña papaning jejerih”. Karungu ring Majhapahit yen sira Rangga lawe andaga. Sira Mahapati angaturaken. Runtik siraji Jayanagara. Sarowangira Rangga lawe andaga mati, anghing ra Galatik ahurip, kinon malika denira Mahapati. Paranggalawe i çaka kuda-bhumi-paksaning-wong, 1217. Sira Wiraraja amit angulihi ing Lamajang tigang juru, apan pasamayanira raden Wijaya amalihana Jawa, kanugrahan lurah Lamajang lor kidul lawan tigang juru. Huwus alawas kabhukti denira Wirajaja. Sira Nambi kari apatih, sira Sora demung, sira Tipar tumenggung. Sor tumenggung dening demung samangka. Sira Wiraraja tan mulih maring Majhapahit, tan ayun angawolu. Helet tigang tahun paranggalawe lawan pasora. Pinisunaken sira Sora denira Mahapati, sira Sora ingilangaken mati denira Kebo anabrang, i çaka baba-tangan-wong, 1222. Sira Nambi pinisunaken denira Mahapati, tan kinatonaken perange, olih kaladeça, amit atilik ing sira Wiraraja agering alara. Çri Jayanagara suka, anghing tan sinung alawasa. Sira Nambi tan teka manih, meneng ring Lembah, agawe kuta atingkah sañjata. Sira Wiraraja mati. Siraji Jayanagara añjeneng prabhu rong tahun. Guntur palungge i çaka api-api-tangan-tunggal, 1233. Tumuli pajurudemung, helet rong tahu lan pasora. Patine juru demung i çaka arta-guna-paksaning-wong, 1235. Tumuli pagajahbiru i çaka rasa-guna-paksa-wong, 1236. Tumuli pamandana. Mangkat angawaki siraji Jayanagara angilangaken wong Mandana wulan karo. Anuli mangetan, sira Nambi ingilangaken. Winarah sira Nambi yen wus mati juru demung, patih emban, tumenggung Jaran lejong, mantri parakrama, sampun samangemasi, maty anempuh. Angucap sira Nambi: „Kang Samara, ki Derpana, ki Tenguh, pamañ Jaran bangkal, ki Wirot, ra Windan, ra Jangkung, yen tandingen nora sor wong wetan iki, mali wus rusak, sapa si galihe kulon,