Kaca:Wasis Maca 6.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi

-20-

 kothak-kothak kosong, blabag-blabag lan kabeh kang bisa kumambang ing segara. Kampul-kampul kena dienggo gondhelan wong-wong sing isih ana ing segara.

 Prentahe Kolonel Scott kang pungkasan : "Nyegur segara !” Kelasi-kelasi mau banjur padha ambyur. Bareng kabeh wis ninggalake kapal, Kolonel Scott lan Kapten Wilson lagi nyegur ing segara. Netepi drajating Perwira sing prewira.

 Lete kang padha nglangi karo prau sekoci ora adoh. Yen ana sing arep ngrebut sekocine, mesthi ya bisa kelakon. Nanging disiplin tetep ditaati.

 ----=oOo=----
Displin Birkenhead (tutuge)



 Kira-kira jam 8.15 wong-wong kang ana ing sekoci padha surak-surak.
Ing cakrawala katon ana kapal barang gedhe kang marani prau-prau sekoci mau. Disusul kapal 3 maneh kang uga arep tetulung.

 Jam 10.15 kabeh kurban Empire Windrush wis ketulungan. Uga sing padha nglangi lan kampul-kampul ing segara. Ora let suwe kapal Empire Windrush kang mengangah kobong ambles ing segara.

 Korban kacilakan Empire Windrush mung 4. Yaiku sing kobong ing kamar mesin. Kurban mung sethithik, amarga disiplin Birkenhead ditaati.