Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi

~ 5 ~

  Ing salebeting lampah-lomba ing dhalem sakenongipoen isi 8 thoethoekan saron toemrap gending-alit lan gending-madhya; wondhéné toemrap gending-ageng isi 16 thoethoekan (jén gending kethoek 4) oetawi isi 32 thoethoekan (jén gending kethoek 8). Dhéné ing salebeting lampah dhados tjatjahing thoethoekan saron waoe ladjeng tikel kaping kalih.
  17. Ing dhalem sa-gongan, inggih sineboet sa-„wilet”, gending poenika saged isi 2 kenongan, saged oegi isi 4 kenongan, (gending „Madjemoek” anéh, margi isi 5 kenongan; poenapa leres?)
  Saben sa-kenongipoen, jén gending alit nganggé kempoel, dawah ing wilangan lampah saron ingkang ongka 4: gending „madya” lan „ageng“ boten nganggé kempoel.
  Oengeling kethoek poenika dawah ing wilangan ongka 2 lan ongka 6 jén gending alit oetawi madhya ingkang wirama-lomba (8 thoethoekan); jén „wirama dhadhos” (16 thoethoekan ) kethoek dawah ing wilangan ongka 4 lan 12.
 Jen gending ageng ingkang isi kethoek 4 kethoek dawah ing wilangan 2, 6, 10 lan 14, jén wirama „lamba” (16 thoetoekan ) ; jen wirama „dhadhos” (32 thoethoekan) dawah ing wilangan ongka 4, 42, 20, 28.
 Jén gendig ageng kethoek 8, kethoek waoe dawah ing wilangan ongka 2, 6, 10. 14, 18, 22. 26, 30, jén „lomba”, dhéné jén „dhadhos” ladjeng ongka 4, 12, 20, 28, 36, 44, 52 lan 60.
 18 Gandéng kalijan wiramanipoen, kadhos kaseboet ing no. 17, gending poenika kapérang dhadhos 3 warni, inggih poenika :
  1. Gending-alit, 8 thoethoekan-lomba oetawi 16 jén ngratjik saben 1 kenong, mawi kempoel; „gending alit” kapérang malih dhadhos: ketawang, ladhrang, gangsaran, sabrangan, tropongan, bibaran lss. Ketawang isi 2 kenongan, sanés2ipoen 4 kenongan; kempoel ingkang sapisan salebeting wirama-lomba (lampah seseg) boten kataboeh (wela), kadjawi „ketawang” (margi ketawang makaten wiramanipoen antal). Wonten malih gending - gending ingkang kalebet „gending alit”, kadhosta: sampak (plajon, srepegan) ingkang toemrap dawahing swara kethoek, kempoel, kenong lan gong nganggé wawaton sanés (boten adjeg); makaten oegi gending dholanan, prenésan spn.
  2. Gending madhya (tengahan), saben sa-kenongipoen isi 16 thoetoekan kadhos „gending-alit” ingkang ngratjik, moeng kémawon sa-antawisipoen kethoek kalih boten mawi kempoel; poenapadhéné wiramanipoen langkoeng antal tinimbang „gending-alit” limrahipoen sineboet gending kethoek kalih. „Gending-madhya” makaten kadhos „gending ageng” anggadahi bagéjan ingkang ngadjeng, kawastanan „gending”-ipoen (tjara Soerakarta „mérong” ipoen), ingkang bagéjan kantoen, kataboeh minongka gantosing gending, sineboet „ndawah”-ipoen (tjara Soerakarta „minggah”-ipoen), Dawahing gending makaten ladjeng