Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi
- 6 -

dhadhos wirama rangkep, inggih gending kethoek kalih ladjeng dhadhos ket hoek sekawan, oetawi sok saged oegi dhadhos gending ,,ladhrangan" mawi kempoel.
„Gending kethoek kalih” (tengahan, madhya oepaminipoen: tjondhra, gandhroeng, sarajoedha. lahela lss.

c. Gending-ageng: sa-kenongipoen isi kethoek 4 oetawi kethoek 8 (inggih poenika thoethoekan 16 oetawi 32 jen lomba, sarta 32 oetawi 64 thoethoekan dhadhos); bilih sampoen andawah, ladjeng dhadhos gending kethoek 8 oetawi kethoek 16 (thoethoekan 64 oetawi 128).
„Gending-ageng” oepaminipoen: gending mawoer, djongga, semang lss.
(Bab „andawah” boten namoeng saged and a wah-patoeh, nanging saged oegi andawah dhadhos gending-alit sanès, mitoeroet sakadjengipoen panoentoen; ingkang makaten poenika kalebet tandhoek prenès).

19. Kanggé mastani wiramaning gending, tjekap sarana mastani tjatjahing kethoek oetawi kendanganipoen; kadhosta: „gending kethoek kalih kendangan tjondhra”, ladjeng tjetha sipating wirama.

V. Isi - peprintjèning „Laras”.

20. Larasing gending Djawi poenika ingkang anggadahi pirantos gong sa, wonten kalih warni, inggih poenika saléndhro, toewin pélog; wonten malih laras barang-miring, nanging namoeng kanggé la goe-swara, gangsanipoen boten wonten.

a. Laras saléndhro poeaika langkoeng sepoeh tinimbang laras-pélog („saléndhro" asal saking Çailéndra asmaning para nata ingkang jasa Boroboedoer). Laras saléndhro poenika anggadahi 5 laras: barang, djongga, dada oetawi tengah, gangsal lan enem; sadhaja „swarantara”-nipoensami agengipoen; pramila gadah raos g a g a h lan bingah.

b. Laras pélog. langkoeng enèm tinimbang laras saléndhro. anggadahi 5 laras oegi, sami namanipoen kalijan ing salebeting laras saléndhro (mriksanana gendhèr ), nanging swarantaranipoen boten sadhaja sami: antawisipoen barang kalijan djongga ageng diongga- dada alit, dada gangsal a geng, gangsal - enem alit, enem-barang alit.

c. Wilahan „bem” (tjara Soerakarta panoenggoel”) toewin wilahan , pélog" poenika sadjatosipoen inggah-inggahan „barang" toewin „dada” (wilahan pélog" saged oegi edak. edakanipoen gangsal”). Ngedakaken oetawi nginggahaked laras makaten minongka asri-asrining tjéngkok, namoeng kadang-kadang katandhoekaken.

d. Minggahipoen laras „barang” dhadhos „ben (minggah ¹/2 laras) jèn kanggé te te p. ladjeng ngawontenaken laras rakitan - swara énggal, inggih laras bem (boten nganggé „barang”, kadjawi namoeng kadang-kadang kanggé prenèsan).