Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi
- 9 -


e. Sok kapireng nama pathet njamat - mas", poenika sadjatosipoen pathet prenèsan, pathet dhadhamelan kémawon; inggih poenika jèn gending pathet barang" ladjeng laras ,,barang" - ipoen dhipoen santoeni ,,bem"; temahan noewoehaken raos nglangoet lan sedih.

f. Bab prajogi oetawi botenipoen ngawontenaken pathet-pathet énggal-sairib kadhos pathet njamat - mas", poenapa dhéné ngawontenaken laras-laras énggal sarana jasa laras-laras (wilahan) tengah an, saèmper kadhos wilahan ,,pélog" lan ,,bem" (oesoel swargi R. M. H. Soorjopoetro).

24. Tjara anggatrakaken sipating gending sarana mastani kendanganipoen miwah tjatjahing kethoek, poenapa dhéré laras miwah pathetipoen, kénging sineboet sampoen moerggoeh sanget, awit jektos saged anggampilaken panggontha, ngras netepaken leresing katrangan. bilih gending makaten djedjering Pandé - lori angraga - swara. Tjontonipoen: teresipoen ,Eardil-cri"), kethoek kalih, kendangan ..gandroeng² ken- dang kalh, laras pélcg pathet barang; sipating gending ,,Pandil-ori" ladjerg tjetha pijan bak. wirama

Poenapa boten prajogi anambah da poekan kendangan anjar, kangçé moedjoedaken wira ma-wirama anjar, ingkang saged ram pak toewin roeptoet kalijan djaman sarta alam anjar.

VI. Titi-wirama lan titi-laras.

25. Kanggé moedjoe daken satoenggal - satoenggaling lagoe oetawi gen ding ingkang sarwa pe pak, perloe dhipoen wonten- aken titi-lagoe oetawi titi-gending, dhéné perloenipoen kanggé ngrim at sawarnining gending, sarta kanggé pirantos a n g - gampilaken pasinaonipoen. Titi lagoe waoe:

a. kedhah anggatrakaken baloenganing wirama toewin la- goenipoen; dhadhos awoedjoed titi-laras toewin titi- wir am a, ingkang namoeng anggambar pokokipoen;

b. kedhah leres pcenapa dhéné g am pil (saben tijang kedhah saged mangertos saha saged ngetjakaken);

c. kedhah namoeng kanggé salebeting sinaoe kémawon; sampoen ngantos medjahi gesanging raos oetawi ngri- beti mekaring dasar kaprigelan toemrap satoenggal- toenggaling tijang ingkang marsoedhi;

d. bilih perlo e sarta tjotjog kalijan kawontenanipoen, boten wonten pakèwetipcen nélad tjaranipoen tijang ngamontja anggambar gendingipoen.

26. Titi-lago e poenika saged kaserat mawi gagambaran tjorèk, ongka oetawi ak sa ra; toemrap tiga-tiganipoen wonten saénipoen pijambak-pijambak sambet kalijan warni-warni- ning dasar kaprigelan pantjadhrijaning manoengsa pijambak-pijambak, oetawi gandèng kalijan kabetahan sanès-