Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi
- 10 -

sanèsipoen; oepaminipoen kanggé pirantos pasinaon wiwitan. kanggé pasinaonipoen para ingkang sampoen saged, kanggé pangrimatan, kanggé tijang ngamontja oetawi tijang sabongsa pijambak, ingkang namoeng badé njoemerepi, makaten spn.

a. Jèn nganggé ong ka mitoeroet wilahan saron. boten prajogi salebeting laras-p élog dhipoen wonteni ongka 1 dhoemoegi 7 (1-bem, 2-djongga, 3-dada, 4-pélog, 5-gangsal, 6-enem, 7-barang); leresipoen kedhah namoeng 1 dhoemoegi 5 kadhos salendro”. Wilahan „bem” salebeting pathet-bem kaserata mawi ongka 1, nanging jèn „bem” ka-ambah ka-ambah salebeting pathet barang (dhados jèn namoeng dhipoen ambah miroenggan ké nawon] prajogi dhipoen angkani 1 mawi tjiri „tjorèk” oetawi tjiri sanèsipoen (sebab „bem” makaten éwahing „barang”); makaten oegi wilahan „barang” selebeting pathet-barang kedhah ongka 1 titi sastranipoen, nanging jèn salebeting thet-bem mawi ngambah laras „barang”, ladjeng kaserata mawi ongka 1 kawewahan tjiri „tjorèk” oetawi tjiri sanèsipoen. Wilahan laras „pélog” rèhning loegoe namoeng èwahing laras „dada" oetawi laras „gangsal”, kaserata mawi titi 3 oetawi titi 4 mawi tjorèk. (Kapandingna kalijan wilahan gendhèr).

b. Makaten oegi salebeting titi-lagoe ingkang woedjoed gambar-tjorèk toemrap laras- pélog (noot „ranté”, noot „aksara” oetawi noot sanèsipoen) wilahan „bem” toewin „barang” kedhah noenggil roepi saha jèn perloe ladjeng kawewahana tjiri miroenggan; wilahan „pélog” makaten oegi, kadhos ingkang kaseboet ing pranataning noot „ongka”.

c. Prajoginipoen ing djaman samangké ngawontenaken saron-pasinaon ingkang nganggé wilahan tjatjah 12 (kadhos wilahaning gendhèr); toemrap pélog mawi,,sorogan” bem- barang sarta tambah wilahan „pélog”.

d. Sambet kalijan katrangan ongka 25 adha-adha a. saha c.. prajoginipoen o ekel lan tjengkok swaraning rebab lan soeling. lampahing wilet-gambang toewin gendhèr, lampahing kendangan batangan spa. sampoen ngantos katetepaken sarana titi-lagoe ingkang kedhah dhipoen toeroet tjara pola; kéngingipoen kaserat namoeng minongka toela daning tjèngkok lan oekel salebeting sinaoe; saben tijang kedhah kénging ngawontenaken wilet pijambak-pijambak.

VII. Lampahing Pasinaon.


27. Amrih toemandjaning pasinaon, prajogi kawiwitan sarana panggladi toemrap pokoking wirama lan wilet ingkang sarwa lomba; ladjeng kasambet isèn-isèning wirama lan wilet ngratjik; noenten sinaoe nglamba kaken toewin ngratjik pijambak; saléndhro lan pélog teroes kawoelangaken kalih kalihipoen. Wondhéné terangipoen kadhos ing ngandap poenika :