Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi
-12-

sardjana, ingkang toendhonipoen saged ambangoen kagoenan gending, ingkang laras kalijan djaman toewin alamipoen. Waton-watonipoen:

a. sampoen nilar ladjer (pokok-pokok ingkang gandéng kalijan raos kabatosaning bongsa Djawi; nationaal karakter );

b. saged nglebetaken dhaja-prabawaning kaboedhajan anjar, inggih poenika ngroentoetaken kagoenan ,,gending” kalijan sipating ,,gesang anjar’’, djer gending makaten gambar-swaraning djiwa;

c. wani amboetjal samoekawis péranganing kagoenan gending Djawi, ingkang ngribeti gesanging gending Djawi; makaten oegi wani nolak dhaja awon.

Kanggé ngadjeagaken toewin njongkok kaloehoeraning kagoenan gending Djawi, prajogi am bangoen alam-kanijagan anjar, sarana njaékaken gesanging para nijaga. lahir dhoemoegi batosipoen, amrih saged rampak djédjér kalijan gesanging para sardjana. (Ing ngtiki kalebet rembag perloenipoen nglinggihaken para nijaga rampak jnggilipoenkalijan para tamoe, ngrémbag roepining rantjakan gongsa kanggé lenggahan koersén spn).