Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/8

Kaca iki wis divalidasi
- 4 -
galing laras, minongka ambah-ambahaning lagoe amrih saged toemandhoek sakétja (boten kaliten lan boten kagengen), satemah saged dh amel nges sarta saged no ewoehaken raos ingkang tartamtoe (bingah, soesah, sereng, tentrem spn.).

13 Gongsa (gamelan) poenika pirantos tataboehan kanggé ngoengelaken gending; péranganipoen warni-warni sarta kénging kabagè dhadhos 4 warni; inggih poeaika pirantos kanggé :
a. ja sa-wirama: kendang toewin keprak;
b. jasa-swara: rebab, gendhèr (baroeng lan peneroes), bonang (baroeng lan peneroes). gambang, soeling, tjalempoeng toewin saron peking;
c. reksa-wirama: kethoek, kempoel, kenong, gong, kempjang, ketipoeng, ketjèr, kemanak, bendé lan bèri;
d. reksa-swara: bonang-penemboeng, gendhèr-penemboeng (slenthem), saron-dhemoeng toewin saron limrah.

IV. Isi - peprintjèning „Wirama”.

14. Wiramaning geading dhoemadhos dhéning swara toentoenaning kendang (jén beksa, manoet toentoenaning keprak) kadhos kaseboet ing ngandap :
a. kendo-kentjenging lampah dhoemadhos dhéning antal cetawi sese ging taboehan kendang;
b. lebet-tjethèking swara dhéning swara „dang” oetawi „doeng”;
c. antep-ènthènging greget swara „pak” oetawi rampak-roentoeting mosik lan ébah tansah toet-wingking keteking kendang, inggih swanten „tê k”.

Dhadhos swaranig kendang makaten, kadjawi saged antal oetawi seseg, wonten 5 warni: dang, doeng, pak, tong toewin têk; sanès-sanèsipoen nama prenèsan sadhaja (dhelang, dheloeng, soet, gembleb spn.).

15. Rampak-roentoeting lampah kareksa oegi dhéning thoethoekaning saron, kethoek, kempoel, kenong toewin gong, ingkang kénging kaoepamèkaken titik - lampah, titik - pedotan, titik-padha-lingsa, titik-padha-dhirga toewin titik padha, kadhos dhéné tatananing tjara panjerating sekar.

Kadjawi poenika swaraning kempoel makaten noewoehaken raos minggah, ènthèng oetawi tjethèk, setemah dhamel „bingah”; wondhéné swaraning kenong noewoehken raos medak, lebet, antep, satemah dhamel „tentrem” oetawi „sarèh”; swaraning gong makaten tjetha noewoehaken raos marem, lega, sampoerna.

16 Lampahing gending poenika katjetha dhéning lampahing saron, sarta kapérang dhadhos 2 warni ingkang pokok :
a. lampah-lomba === thoethoekan baloenganing gending
b. lampah-dhados (ngratjik) tikelipoen lampah lomba ingkang ladjeng saged dhamel tjethaning lagoenipoen.