Kaca:Wedhatama.pdf/10

Kaca iki durung katitiwaca

11. Lila lamun
Kélangan nora gegetun
Trima yèn kataman
Sak serik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

12. Bathara gung
Inguger graning jajantung
Jenek Hyang Wisésa
Sana pasenetan suci
Nora kaya si Mudha mudhar angkara

13. Nora uwus
Karemé anguwus-uwus
Uwosé tan ana
Mung janjiné muring-muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

14. Sakèh luput
Ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardané ginawé gada

15. Durung punjul
Kasusu kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisésa

IV Gambuh

1. Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun katemu
Tandha nugrahaning Manon