Kaca:Wedhatama.pdf/11

Kaca iki durung katitiwaca

2. Sembah raga puniku
Pakartiné wong amagang laku
Susucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang waktu
Wantu wataking wawaton

3. Ing nguni-uni durung
Sinarawung wulang kang sinerung
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit
Mintokken kawignyanipun
Saréngaté élok-elok

4. Thithik kaya santri Dul
Gajeg kaya santri brai kidul
Sauruté Pacitan pinggir pasisir
Ewon wong kang padha gugu
Anggeré padha nyalemong

5. Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yèn karuh
Ngarep-arep urub arsa dèn-kurebi
Tan weruh yèn urip iku
Akale kaliru enggon

6. Yèn ta jaman rumuhun
Tata titi tumrah tumaruntun
Bangsa sréngat tan winor lan laku batin
Dadi nora duwé bingung
Kang padha nembah Hiyang Manon

7. Liré saréngat iku
Kena uga ingaranan laku
Dhingin ajeg kapindhoné a taberi
Pakolihé putraningsun
Nyenyeger badan mrih kaot

8. Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah mamarah antenging ati
Antenging ati nunungku
Angruwat ruweding batos