Kaca:Wedhatama.pdf/2

Kaca iki durung katitiwaca

5. Mangkono ngèlmu kang nyata
Sanyatané mung wèh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukèng tyas yèn dèn-ina
Nora kaya si Punggung anggung gumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip

6. Uripé sapisan rusak
Nora mulur nalaré ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindha padhané si Mudha
Prandéné paksa kumaki

7. Kikisané mung sapala
Palayuné ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lah iya ingkang rama
Balik sira sarawungan baé durung
Mring atining tata-krama
Gon-anggon agama suci

8. Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh kasor kudu unggul
Sumengah sosongaran
Yèn mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing rèh kaprawiran
Nora énak iku kaki

9. Kekerané ngèlmu Karang
Kakarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung anèng sajabaning daging kulup
Yèn kapengkok pancabaya
Ubayané balenjani