Kaca:Wedhatama.pdf/3

Kaca iki durung katitiwaca

10. Marma ing sabisa-bisa
Babasané muriha tyas basuki
Puruitaa kang patut
Lan trap ing angganira
Ana uga angger-ugering kaprabun
Abon-aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri

11. Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa nahen hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu
Tan pasthi neng janma wreda
Tuwin mudha sudra kaki

12. Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit
Bangkit mikat rèh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yèn mangkono kena sinebut wong sepuh
Liring sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggil

13. Tan samar pamoring suksma
Sinuk maya winahya ing asepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukané warana
Tarlèn saking liyep-layaping aluyut
Pindha pesating supena
Sumusup ing rasa jati

14. Sajatiné kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming asuwung
Tan karem karaméyan
Ingkang sipat wisésa winisésa wus
Mulih mula-mulanira
Mulane wong anom sami