Kaca:Wedhatama.pdf/6

Kaca iki durung katitiwaca

9. Anggung anggubel saréngat
Saringané tan den-wruhi
Dalil dalaning ijemak
Kiyasé nora mikani
Katungkul mungkul sami
Béngkrakan mring masjid agung
Kalamun maca kutbah
Lalagoné Dhandhang-Gendhis
Swara arum ngumandang céngkok Palaran

10. Lamun sira paksa nulad
Tuladhaning Kangjeng Nabi
O ngger kadohan panjangkah
Wateké tan betah kaki
Rehne ta sira Jawi
Sathithik baé wus cukup
Aywa guru aleman
Nélad kas ngeblegi pekih
Lamun pengkuh pangangkah yekti karahmat

11. Nanging énak ngupaboga
Rèhné ta tinitah langip
Apa ta suwiteng nata
Tani tanapi agrami
Mangkono mungguh mami
Paduné wong dahat cubluk
Durung wruh cara Arab
Jawaku baé tan ngenting
Parandéné paripeksa mulang putra

12. Saking duk maksih taruna
Sadhéla wus anglakoni
Abérag marang agama
Maguru anggering haji
Sawadiné tyas mami
Banget wediné ing bésuk
Pranatan akir jaman
Tan tutug kaselak ngabdi
Nora kober sembahyang gya tinimbalan