Kaca:Wedhatama.pdf/7

Kaca iki durung katitiwaca

13. Marang ingkang asung pangan
Yen kasuwèn den-dukani
Bubrah kawur ing tyasingwang
Lir kiyamat saben ari
Bot Allah apa Gusti
Tambuh-tambuh solahingsun
Lawas-lawas graita
Rèhné ta suta priyayi
Yèn muriha dadi kaum temah nistha

14. Tuwin ketib suragama
Pan ingsun nora winaris
Angur baya ngantepana
Pranatan wajibing urip
Lampahan angluluri
Aluraning pra luluhur
Kuna-kumunanira
Kongsi tumekèng samangkin
Kikisané tan lyan amung ngupaboga

15. Bonggan kang tan mrelokena
Mungguh ugering aurip
Uripé lan tri prakara
Wirya arta tri winasis
Kalamun kongsi sepi
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing janma
Aji godhong jati aking
Temah papa papariman ngulandara

16. Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wasana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kalingling
Wenganing rasa tumlawung
Keksi saliring jaman
Angelangut tanpa tepi
Yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma