Kaca:Winih Semi.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi

URIP IKI


banyu warnane werna-werna
urip warnane uga werna-werna
susah, seneng
abang ijoning urip

banyu iku dalane werna-werna
urip dalane uga werna-werna
lurus, nggronjal
dalane urip

banyu iki mili mubeng
urip uga mili mubeng
manungsa mesthi bali
bali neng asale
neng ngarsaning sing duwe urip

pancen,
urip iku werna-werna
kaya ili lan wernaning banyu

Winih Semi

89