Kaca:Winih Semi.pdf/101

Kaca iki wis divalidasi

SIHONO

SLTP 3 Pajangan

SEMUT-SEMUT ABANG


Semut-semut abang
Wujudmu cilik, irit-iritan
Ngalor ngidul ngulon ngetan golek pangan
Gawe seneng wong sing nyawang

Semut-semut abang
Lakumu nggremet alon-alon
Nanging mesthi
Ora golek perkara kang mbebayani
Aja pisan-pisan kowe ngganggu semut kuwi

90

Winih Semi