Kaca:Winih Semi.pdf/102

Kaca iki wis divalidasi

KAFIR


sajroning wengi, aku mikir
apa donya iki mung kanggo dolanan
apa donya iki mung kanggo neka-neka
wong-wong ing donya iki,
wus kaya ora duwe prikamanungsan
ora enom ora tuwa, kedanan rajabrana
nikmating donya
kabeh digayuh ora jujur
nyolong, nyopet, njambret
saiki pancen jaman kewalik-walik
wong wadon mung kanggo dolanan
kulawarga mung kanggo sampiran
kabeh uwal saka agama
ora nggubris wulanganing Kuwasa
wong wus padha edan
apa wong ora mikir
bakale sesuk diwales
kabeh mau saka godhaning setan

Winih Semi

91