Kaca:Winih Semi.pdf/103

Kaca iki wis divalidasi

INDONESIAKU


rikala semana, Indonesia dijajah Walanda
bapa, ibu, anak, putu nandhang sengsara
kabeh dirampas kanthi peksa
kayadene manuk kelangan susuh
nanging saiki
Indonesia wus merdika
misuwur ing njaban negara
saka lelabuhane para warga
saiki sarwa cumepak
kabeh rasa syukurku marang Gusti
kang paring kamardikan
dhuh Gusti,
muga bangsa Indonesia
dadi bangsa gagah prakosa
nrejang sakabehing bebaya
tetep langgeng dadi negara

92

Winih Semi