Kaca:Winih Semi.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi

SUKMAWATI

SLTP 3 Pleret

ADHIKU


Yen ngelingi tangisanmu
Ngelingi kenakalanmu
Aku dadi kelingan elikanmu
dolanan ing latar cah loro

Dina wis ganti dina
Taun wis ganti taun
Kowe saya gedhe
Pikiranmu uga ora kaya cah cilik maneh

Adhiku
Mesti kowe wis gedhe
Aku tetep sayang karo kowe
Kaya dek isih bayi

Winih Semi

93