Kaca:Winih Semi.pdf/112

Kaca iki wis divalidasi

AKU

urip iki kaya banyu kali
nalika lair
aku kaya banyu bening
kang metu saka sumber
saya suwe
banyu saya reged
kaya awake dhewe
saya tuwa
saya akeh dosane
dhuh Gusti,
apuranen aku
supaya bisa mlebu
ana ing papan-Mu

Winih Semi

101