Kaca:Winih Semi.pdf/113

Kaca iki wis divalidasi

ZAENAL ARIFIN

SLTP 3 Pajangan


SEMUT

Uripmu tansah rukun
uripmu tansah tekun
nyambut gawe bebarengan
ngapa-ngapa bebarengan
Semut
Nengapa uripku
Nengapa uripe warga
ora bisa kaya kowe
Semut
Anane mung tansah ribut
Anane mung tansah gawe
Semut
Awakmu pancen cilik
Nanging gedhene
gotong royongmu
ora ana sing nandhingi

102

Winih Semi